Minggu, 22 Maret 2020

Lirik lagu dezpaijo – via vallen


Lirik lagu dezpaijo – via vallen

 

jo opo kowe meng ngene terus
nganti anakmu ra keurus
jo gek tobato dolanan togel
timbang bojomu dadi mangkel

jo ngerti uripmu kuwi wes susah
malah senengane golek masalah
mending saiki golek’o kerjo


jo elingo kowe kuwi wong deso
dadi ra usah macak sok londo oooho


jo paijo ninggalke desone lungo ning kutho
modal bondo nekat nggo golek kerjo
mergo bojomu butuh seneng pangen, ora mung digoyang


jo paijo dadi wong ra nduwe pancen nelongso
mangkane sregepo lekmu ngedungo
ben ndang cepet mentas urip rekoso


anak butuh mangan, paijo isone ngutang
uripe sakno tenan, meski akeh pancoban
mugi gusti allah paringi kesabaran
ben iso intuk dalan sing padang lan iso kecukupan


iki critane paijo sregep ning jogjakarto
adoh adoh ning kuto niate golek kerjo
ketemu karo koncone sing jenenge bambang
konco soko deso sing wis dadi juragan


akhire saiki paijo wis entuk gawean
ra ketok kerjone paijo bakulan utang
alhamdulillah saiki wis iso cukupan
arep mangan paijo wis ra usah ngutang


paijo paijo dasare wong deso
senenange mangan telo, hobine mbribike rondo
opo isih kurang nduwe bojo sing sabar
sing iso nerimo kelakuanmu sing kurang ajar


paijo paijo cek ndang kowe tobato
nyuwuno ngapuro karo gusti ingkang kuoso
elingo sesuk nek kowe wis tuwo
akehke sodakoh selagi urip ning dunyo


jo paijo ninggalke desone lungo ning kutho
modal bondo nekat nggo golek kerjo
mergo bojomu butuh seneng pangen, ora mung digoyang


jo paijo dadi wong ra nduwe pancen nelongso
mangkane sregepo lekmu ngedungo
ben ndang cepet mentas urip rekoso


anak butuh mangan, paijo isone ngutang
uripe sakno tenan, meski akeh pancoban
mugi gusti allah paringi kesabaran
ben iso intuk dalan sing padang lan iso kecukupan oh paijo

===#*( 103 )*#===

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Lirik lagu pamer bojo – via vallen

Lirik lagu pamer bojo – via vallen   dudu klambi anyar sing neng njero lemariku nanging bojo anyar sing mbok pamerke neng aku ne...